Jumat, 13 Januari 2012

Tugas TIK (rangkuman Blog) B.Jawa kls 7

  
Misteri Dewi Lanjar Penguasa Segara Lor


   Praupane ayu, lan anggun, kanthi kulit putih mulus suminar, sarta rambute rada ngombak. Awake dhuwur, klambin lan jarik kesenengane werna ijo nom, serta nduweni wateg asor lan dhemen mbiyantu wong sing lagi jroning kesusahan. Mangkono gambarane wujudhe Dewi Lanjar, si ‘penguasa’ segara lor pulo Jawa. 


   Kutha Pekalongan ing Jawa Tengah nyimpan sawijining legendha kang narik kawigaten sing banget diyakini dening masyarakat minangka panguwasa segaro lor yaiku Dewi Lanjar. Dewi Lanjar manggon ing pesisir lor kutha Pekalongan dening masyarakat dipercaya urip langgeng wiwit aatusan taun kapungkur. Buktine, saben wulan sura para nelayan ing pesisir kono nganakake upacara slametan sing luwih dikenal kanthi sebutan sadhekah laut utawa nyadran, kanthi sesaji arupa endhas kebo, kembang telon, lan woh-wohan kang dilarung ing segara, sing tujuane kanggo njaluk berkah keslametan, uga ngarep-arep anggone iwak supaya oleh akeh.
   Yen ora ngelaksanakake slametan sadhekah laut kuwi, ndadekake ora ana wong siji wae nelayan ing Pekalongan sing wani golek iwak menyang segara, amarga nelayan wedhi kena balak amarga wis ngiyanati adat.
   Ana saperangan masyarakat sing madakake Dewi Lanjar karo Nyi Roro Kidul penguasa segara kidul. Kapercayaan bab papan istanane Dewi Lanjar yaiku, sebagian percaya ana ing sekitare pesisir Ngebum utawa sing luwih kondhang kanthi jeneng Pesisir Pasir Kencana, sebagian maneh percaya ing dhaerah Slamaran, pesisir Slamaran.
   Adipati Baurekso salah sawijining adipati sing kuwasa ing pesisir lor Jawa Tengah, tiwas jroning perang ing Batavia taun 1628 ing ngarep benteng Walanda kanthi sikile loro ilang dicrondong peluru. Jasime disareake ora adoh saka papan kedadeyan, nanging banjur ilang musnah. Salah siji garwane ngrasa banget sedhihe amarga sedane adipati. Dheweke uga gela amarga ora ditemokake sareane. Kesedhihane nambah natoni nalika krungu kabar yen adipati baurekso kuwi dipateni Kesatuan Badrek perintahe sultan Agung kanggo ukumane minangka kekalahane nglawan kompeni.
   Amarga banget sedhihe adipati kuwi lunga saka papan dununge, sing dening wong Pekalongan dipesthekake kampung Kraton, saiki jenenge Komplek Jl. Bengawan. Bukti yen papan iki tilas papane wong sing sepisan manggon ing daerah kuwi yaiku ditemokake watu bata sing ukurane gedhe lan ora ono ing zaman saiki. Alasan liya wiwit mbiyen jeneng dhaerah kuwi kraton, artine kerajaan, saengga nguatake padunuga yen biyen ing papan iku ana bangunan megah kaya istana.
   Sawise ninggalake papan dununge, banjur nyoba nglipur dhewe ing pinggir pesisir Slamaran. Nanging usahane ora kasil, malah tambah sedih. Akhire tapa ing papan kuwi nyuwun pituduh marang Sing Maha Kuasa, wusana sisihane adipati kuwi banjur murca.
   Pepengine garwa Adipati baurekso iku dadhi wong sing kuwasa ora digawe sawiyah-wiyah dening panguwasa lan bisa mbiyantu wong sing kesusahan, nanging minangka penguwasa jin ing daerah kono. Garwa adipati diarani Dewi Lanjar utawa Den Ayu Lanjar, tegese sawijining wanita ayu sing durung nduwe anak
   Versi liya, menawa Dewi Lanjar sawijining wanita ayu sing ana ing alam lelembut. Awit Dewi Lanjar manungsa biasa, embuh amarga sawijining sebab lan akeh sing ngandhakake yen Dewi Lanjar iku “mbalela” serta ora taat aturane kaluarga saengga diusir dening wong tuwane.
   Ing pesisir Ngebum, Dewi Lanjar ketemu makhluk alus jin, Dewi Lanjar diboyong dening jin kasebut, akhire kawin karo jin kuwi.
   Ora sethitik crita misterius ngenani anane Dewi Lanjar. Salah sijine, Dewi Lanjar nduwe pabrik bathik sing paling gedhe ing pekalongan. Karyawane atusan lan wong bias. Tapi, pabrik kuwi ora iso dideleng. Ana maneh yaiku Dewi Lanjar mbiyantu masyarakat ngenani lawe (benang) nalika pabrik textil ing Pekalongan sing kangelan bahan bakune kanggo nerusake usahane.  

  Matur Suwun ^_^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengenai Saya

Foto saya
bersekolah di SMPN 2 Surabaya Pin:22939938 my tiwtter: @Astrinngrm

Pengikut